Tembang Macapat
1.
Tegese
Tembang Macapat
Tembang macapat yaiku puisi Jawa gagrag lawas kang dilagokake lan kaiket dening paugeran (kaidah/aturan) tartamu. Tembung macapat ana kang negesi maca papat-papat (membaca empat - empat), yaiku macane saben patang wanda. Ana uga kang negesi anggone nembangake nalika panembrama diwaca dening juru swara papat.
2.
Jinise
Tembang Macapat
Jinise tembang ing bebrayan Jawa kaperang dai 4
(papat), yaiku :
a. Tembang
gedhe (sekar ageng/tembang kawi)
b. Tembang
tengahan (sekar madya)
c. Tembang
cilik (sekar alit/macapat)
d. Tembang
dolanan
Saka jinise
tembang ing dhuwur kang lumrahe diwulangake ing pawiyatan SD nganti SMA, yaiku
tembang cilik utawa tembang macapat sarta tembang dolanan. Nanging, ing
wulangan iki kita mung nyinaoni ngenani tembang macapat wae. Jinise tembang
macapat ana 11 (sewelas), yaiku:
1) Maskumambang
2) Mijil,
3) Sinom,
4) Kinanthi,
5) Asmaradana,
6) Gambuh,
7) Dhadhanggula,
8) Durma,
9) Pangkur,
10) Megatruh,
lan
11) Pocung.
3.
Paugerane
Tembang Macapat
Ing piwulangan sadurunge wis diandharake manawa
tembang macapat kaiket dening paugeran (kaidah/aturan) tartamtu. Paugeran
tembang macapat kaperang dadi 3 (telu),yaiku :
a. Guru
gatra : cacahe gatra
(baris) saben sapada (sebait)
b. Guru
wilangan : cacahe wanda (suku
kata) saben sagatra (baris)
c. Guru lagu : tibaning swara (vokal) ing saben pungkasane gatra
Kanggo
nggampangake anggone mbedakake antarane guru gatra, guru wilanagan, lan guru
lagune, gatekna tabel iki.
Jinise
Tembang |
Guru Gatra |
Guru
Wilangan lan Guru Lagu |
|||||||||
1 |
2 |
3 |
4 |
5 |
6 |
7 |
8 |
9 |
10 |
||
Maskumambang |
4 |
12i |
6a |
8i |
8a |
|
|
|
|
|
|
Mijil |
6 |
10i |
6o |
10e |
10i |
6i |
6a |
|
|
|
|
Sinom |
9 |
8a |
8i |
8a |
8i |
7i |
8u |
7a |
8i |
12a |
|
Kinanthi |
6 |
8u |
8i |
8a |
8i |
8a |
8i |
|
|
|
|
Asmarandana |
7 |
8i |
8a |
8e |
8a |
7a |
8u |
8a |
|
|
|
Gambuh |
5 |
7u |
10u |
12i |
8u |
8o |
|
|
|
|
|
Dhandhanggula |
10 |
10i |
10a |
8e |
7u |
9i |
7a |
6u |
8a |
12i |
7a |
Durma |
7 |
12a |
7i |
6a |
7a |
8i |
5a |
7i |
|
|
|
Pangkur |
7 |
8a |
11i |
8u |
7a |
12u |
8a |
8i |
|
|
|
Megatruh |
5 |
12u |
8i |
8u |
8i |
8o |
|
|
|
|
|
Pocung |
4 |
12u |
6a |
8i |
12a |
|
|
|
|
|
|
Gladhen
1
Wangsulana
kang patitis!
1. Tembang
macapat iku uga diarani tembang apa?
2. Apa
tegese tembang macapat iku?Terangna kanthi ringkes!
3. Tembang
macapat iku cacahe ana pira?Coba tulisna!
4. Paugerane
tembang macapat iku ana 3 (telu), coba tulisna!
5. Coba
terangna tegese :
a. Guru
gatra
b. Guru
wilangan
c. Guru lagu
Gladhen
2
Gatekna tembang macapat kanthi tema
“Nyawiji ing Sajroning Prabeda” ing ngisor iki!Sawise iku wangsulana
pitakon-pitakon ing ngisore!
Adi endah Nuswantara
tlatah kang gemah ripah loh jinawi
kabeh padha sayuk rukun
bikut padha makarya
mbangun nigari budaya adi luhung
amrih rukun lan santosa
amrih makmur lan nyawiji
Sumber : Kumpulan
Tembang Macapat,
Dening : Asmara Kinendra, Widya Pustaka, 2016
1. Pira
cacahing gatra tembang macapat ing dhuwur?
2. Tulisen
guru wilangan lan guru lagune tembang macapat ing nduwur!
3. Sawise mangerteni guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, temtokna jinise tembang macapat ing nduwur kalebu tembanacanen
Wacanen Bahasa Jawa kanggo nambah pengetahuanmu liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar